Materi Kls XII

Tembang Kinanthi

BAB V











MATERI BUDAYA WEWALER

GUGON TUHON

BUDAYA WEWALER

Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka Tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku.

Gugon tuhon

  1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsani Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala.

  2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik.

  3. Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake.

Budaya Jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kulawarga, lan kadonyan.

Pituduh

Mungguhe bebrayan Jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing ngisor iki.

  • Pituduh magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa

  • Pituduh kang magepokan karo rohani

  • Pituduh kang magepokan karo kamanungsan

  • Pituduh kang magepokan karo kabangsan

  • Pituduh kang magepokan karo kulawarga

  • Pituduh kang magepokan karo kadonyan

Wewaler

Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan Jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki.

  • Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip

  • Wewaler kang magepokan karo rohani

  • Wewaler kang magepokan karo kamanungsan

  • Wewaler kang magepokan karo kabangsan

  • Wewaler kang magepokan karo kulawarga

  • Wewaler kang magepokan karo kadonyan

Wewaler Bahasa Jawa, Contoh dan Artinya Lengkap

1. Ora ilok lungguh nang bantal, mengko wudunen.

Artine:

Menawa lungguh nang bantal ora apik, amarga bantal iku sing bener kanggo mustaka


2. Aja mangan karo ngadeng, mbokan wetenge dawa.

Artine:

Nalare mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik lan sopan.


3. Aja ngidoni sumur, mengko suwing lambene.

Artine:

Menawa sumur kena idu, banyu sak jrone sumur bakale reged kabeh lan ora sehat, apa maneh yen duwe lelara nular


4. Ora ilok ngewehi banjur njaluk bali, mengko gulune godhoken.

Artine:

Nalika ngewehi apa bae kudu iklas, ora kena dijaluk maneh.


5. Ora ilok dolanan beras, mengko tangane kithing.

Artine:

Nalare beras iku bahan panganan sing ora becik yen dinggo dolanan, amarga nek nggo dolanan beras iku bisa semrawut lan kotor


6. Aja nganggo klambi ijo utawa Biru nalika marang pantai.

Artine :

Dikhawatiraken nalika ana ombak gede lan wonge keseret ombak, Tim SAR bakal angel nulungine, sebab klambine meh pada karo warna laut.


7. Aja metu sanding kala, mbokan diculik wewegombel.

Artine :

Wewaler iki digawe supaya bocah-bocah cilik ora metu ngumah nalika sanding kala utawa maghrib, amarga wektune ibadah lan ngaso.


8. Aja ngetoki kuku wengi-wengi.

Artine :

Maksude supaya tangane ora tatu, amarga jaman mbiyen durung ana listrik, dadi nalika wengi iku peteng.


9. Ora ilok singsot wengi-wengi, sebab bisa ngundang setan.

Artine :

Amarga singsot wengi-wengi ndadekaken tetanggane kiwa tengen keganggu.


10. Ora ilok maem nganggo tutup piring

Artine :

Tutup piring iku digawe udu kanggo maem, wewaler iki digawe supaya wong bisa nganggo barang pas karo fungsine



Penyebab kenapa orang zaman dulu membuat wewaler


Sebabe wong jaman mbiyen nggawe wewaler ora nyambung karo nalar :

Saya aneh lan ora nalar wewalere wong-wong bakal tambah nggugu, tambah percaya, lan tansah kelingan.

Wewaler iku kaucap dadakan kanggo meden-medeni dadi ora sempat kepikir akibate sing mlebu nalar.



Senin 8 februari 2021